CERKAK "JEBUL BAB KUI PANCEN PENTING"

 “JEBUL BAB KUI PANCEN PENTING”

Oleh : Dwi Renita  

Srengenge panas awan iki nylenget kulit putih e Astuti. Bocah wadon kelas 11 sing asale saka Kota Ngayogyakarta, bola- bali ngelap kringet ing raine. Sanajan dheweke ngampet rasa ngelak sing nggawe tenggorokan e dadi garing, dheweke isih semangat medhal pit tekan ngomah. Ya, Astuti minangka bocah sing sederhana sanajan dheweke asale saka kulawarga sing sugih. Bapakne pengusaha sukses lan ibune uga desainer sing mbukak butik. Astuti lan adhine, Arini, mesthi nganggo pit nalika menyang sekolah. Alasane amarga numpak pit yaiku saliyane jarak omah lan sekolah sing ora adoh banget, ngepit uga agawe awak luwih sehat.

Tuti, celukane bocah wadon kasebut pancen bocah sing peduli lan grapyak. Ora nggumun yen dheweke duwe akeh kanca ing lingkungan. Ing sawijining awan, dheweke diajak karo kancane, Retno lan Lisa, menyang nonton festival tari sing dianakake ing alun- alun Yogya.

"Bu, kula angsal malem mingguan kaleh Retno lan Lisa mboten, mumpung mboten wonten tugas, angsal mboten Bu? " pitakone Tuti marang ibune.

"Iyo, ibu olehke. Ananging elinga, kowe ojo nganti bali luwih seko jam 9. Nganggo sandangan e sing sopan! Kabari, Ibu utawa Bapak, yen ana apa-apa, ” Ibune Astuti ngelingake.

"Inggih Bu," wangsulane Tuti karo menehi jempol banjur mlebu kamar.

Ndelok tingkahe Ibu Tuti, bojone ngomong karo ngguyu “Bu Bu... Tuti saiki wes SMA. Mesthi dheweke wis ngerti ora prelu dikandhani. "

"Ya, pancen amarga bocah sak umurane Tuti kekarepane dhuwur. Dheweke bakal nindakake apa sing disenengi, lan nyoba prekara utawa pengalaman anyar. awakedhewe minangka wong tuwa kudu ngawasi anggone kekancan. Ibu pengen ngetrapake pendidikan seksual marang Astuti lan Arini, salah sijine yaiku ngawasi anggone kekancan. " kandhane Ibu.

“Heummm, bener omonganmu mau Bu. Awake dhewe kudu ngawasi tenan pergaulan e anak nalika pubertas. Opo meneh Astuti anak wadon. " ngendikane Bapak e Tuti.

Ibu Tuti pancen nggatekake lan cukup tegas karo anak e wedhok loro-lorone . Ora suwe sawise iku, Astuti lan kancane padha menyang nonton festival tari sing wes diarep- arep suwe. Dheweke ndelok kanthi seneng banget. Nganti Tuti lali yen sedelo meneh jam 21.00 WIB.

"Tut, sedelo meneh jam 9. Ibumu akon yen kowe mau kudu bali sakdurunge jam 9 " kandhane Lisa karo nglirik jam tangane.

"Wah! Aku lali tenan. Yo wes aku bakal bali dhisik. Kowe kepiye. Arep bareng opo ora? " pitakonane Tuti marang kancane.

"Yoh, awakedhewe bareng kowe wae . Aku wedi yen kowe ana apa-apa nek dhewe, omonge Retno

Sakwene mlaku bali, Lisa ngrasa kuwatir banget amarga supire taksi ngewaske mburi Dheweke ora kepenak. Retno wis tekan omahé, saiki mung ana Tuti lan Lisa ing taksi.

“Tut, aku bengi iki nginep nang omahmu yo. Tulung omongno karo Ibumu, yen aku ngrepoti" kandhane Lisa.


Tuti ngguyu amarga krungu omongane Lisa. "Ah koe ki koyo sopo wae. Ibu yo wis ngerti yen kowe kerep nginep ing omahku "

“Iyooo Tut! Aku tetep wae ora kepenak! " Wangsulane Lisa.

"Ckckckck. Iyo sante wae. Nah wis tekan, ayo mudhun ”Tuti ngajak Lisa

"Tut, kowe sadar ora yen supir taksi mau nglirik awakedhwe terus. Kan aku dadi wedi,” omonge Lisa.

"Eh, tenan e Lis? Mmmm paling amarga dheweke ndelok pundak seksimu ! Ha ha ha Mula kowe aja nganggo klambi cekak,”guyone Astuti sinambi dhumuk pundhak Lisa.

"ahh Tut, padahal aku takon tenan lho! " wangsulane Lisa. "Wes- wes ojo dipikirke. Ayo mlebu. " kandha Astuti. "Assalamualaikum. Astuti mantuk ”salam Astuti.

Bapak lan ibune Astuti ingkang lenggah ing ngajengan TV langsung noleh kaliyan Tuti lan Lisa.

"Waalaikumsalam Tuti. eh karo Lisa to, ”wangsulane Ibune Astuti.

"Nggih Bu, , kula ijin badhe nginep malih" wangsulane Lisa marang Ibune Tuti.

“Yo rapopo Lis, wes kono gek do ning kamar, istirahat iki wes wengi,” wangsulane Bu Tuti sinambi mesem.

Hawa esuk mlebu ing kamare Astuti, nandhakake wektu wes esuk. Amarga dino Minggu, dheweke ora kesusu tangi lan siap mlebu sekolah. Opo meneh mergo ono Lisa ing kamar e, agawe Tuti kesed metu saka kamar. Rasane kaya kraket antarane dheweke lan kasur.

"Tutiii ayo tangi. Ayo olahraga mumpung isih esok. " omonge Lisa. "Ah memeng. Isih pengen turu, ”wangsulane Astuti.


Nalika arep mbales omongane Astuti, swarane ibu saka ngisor, akhire meksa Tuti tangi saka kasur lan siap- siap sarapan. Nalika Astuti lan Lisalagi sarapan, Arini ujug-ujug teka nggawa buku saka sekolah. Banjur, dheweke takon marang Astuti pirang- pirang perkara.

   "Mbak, ngopo ing gambar iki, ono bagian sing disilang?" Pitakone Arini

  "Oh, iki gambar bocah wedok Rin, nah bagain sing disilang iki nuduhake manawa ing bagian tertentu ora bisa didumuk kanthi sembrono" jelas Astuti.

 "Lha yen tutuk, dhodho, bokong, lan alat kelamin awakedhewe didumuk wong liyo ngopo  Mbak " pitakone Arini

"Jelas iku ra oleh, amarga bagian kui kalebu bagian privasine awakedhewe. Iki tegese wong liya ora bisa ndumuk, nyekel, nyenggol lan liya-liyane. Iso wae wong iku duwe niat elek Dek, "jawabe Astuti.


"Oh, dadi yen ana wong sing pengen ndumuk, ojo oleh yo Mbak lan kudu lapor marang Bapak Ibu?" pitakone Arini.

"Ya bener banget Rin. Yo wes Rin aku karo Mbak Lisa pengen olahraga dhisik, ”wangsulane Astuti

Lisa sing ketmau meneng wae lan ndelok Tuti lan Arini omongan, ora ngerti babagan opo sing dirembug.

“Eh Ri, apa kowe ora sadar yen ngrembug babagan kuwi ing ngarepe Arini sing lagi kelas siji. Opo iyo Arini ngerti? Lan opo iyo lumrahe yen bocah cilik kaya ngono dikandhani babagan kui mau, ”gumune Lisa.

"Lho yo jelas apik yen pendidikan seks diwenehake wiwit cilik? Aku mung ngandhani yen wong liya ora bisa ndhumuk bagian awak tertentu kanthi sembrono, ”wangsulane Astuti.

"Lha, yen dheweke mikir babagan sing anaeh- anaeh kepiye? Takone Lisa maneh

“Ah, kowe pancen angel banget yen diwenehi ngerti babagan pendidikan seks. Ayo olahraga supaya pikiranmu iso kebukak.” wangsulane Astuti.

Dino Minggu wes kaliwat, lan dino Senin pancen dino sing agawe memeng kanggo akeh siswa. Opo meneh kanggo Astuti. Rasa ngantuk lan bosen uga di rasakke Tuti nalika pelajaran matematika, pelajaran sing paling ora disenengi. 45 menit wis kliwat, lan saiki wayahe pelajaran biologi. Pas dino iku sing dibahas babagan organ reproduksi lan kesehatane. Bu Namira, guru biologi kelas e Tuti, nyiapake proyektor LCD kanggo nerangake pelajaran dino iki. Ora mung liwat gambar, guru biologi uga nggunakake alat peraga 3D lan video kanggo nerangake. Ing tengah- tengah kaseruan murid nonton video babagan organ reproduksi, cara njaga kesehatan, ndelok video babagan proses pembentukan janin,. Sebagian kanca sakelas Astuti, kalebu Lisa, nganggep pelajaran sing dibahas ing kelas iku saru lan ora sopan banget.

"Lis, kowe ki ngpo? Bukane ngrungokake pelajaran, malah moco novel ”pitakone Retno. "Embuh iku Lisa. Sejatine pelajaran iki penting banget, ”tambahe Astuti

"Aku memeng tenan sinau babagan iki. Isin tenan. Bocah lanang- lanang mesthi mikir aneh- anaeh yen pelajaran iki, ”wangsulane Lisa.

Amarga ana sebagian murid sing isin ing bab iki, akhire Bu Namira ngendika ing kelas. "Anak- anak, ngopo bab iki penting disinaoni?"

"Minangka dados bekal babagan pendidikan seks, Bu," wangsulane salah sawiRinning murid. "Supaya ora kajerumus ing pergaulan sing ora bener," wangsulane murid liyane

Bu Namira banjur negasake. "Ya, bener banget jawaban e kanca-kanca mau. Seumuranmu pancen perlu ilmu sing cukup kanggo ngerteni babagan reproduksi, seksual, lan liya-liyane. Mula, Ibu nggunakake media pembelajaran iki kanggo ndhidhik kowe kabeh babagan seksual saengga bisa luwih ditrima lan dingerteni. Materi iki dudu babagan sing saru."

"Nah kae dirungokake apa sing di omongke Bu Ira," Tuti menehi saran kanggo Lisa.


"Ya, nanging tetep yen ..." wanguslane Lisa, sing durung rampung amarga bel istirahat.

Nalika jam istirahat, Tuti ngajak Lisa lan Retno menyang kantin amarga pengen tuku es. "Ayo ning kantin"

"Dhisik wae Tut,Ret, Aku arep ketemu karo Ardi dhisik, ”wangsulane Lisa. "Lisa lagi kasmaran sajake," kandha Retno karo moyoki Lisa..

Nalika lagi nyedhot es jeruk sing dadi kesenengan e kabeh murid, Astuti weruh Lisa sing teko ning cedhake karo bungah.

"Lis ngopo koe mesem-mesem dhewe," pitakone Astuti. "Biasa, lagi kasmaran" wangsulane Retno.

Lisa ora nggubris omongan Tuti lan Retno. Lisa namung mesem.

Sawise sekolah,Astuti banjur pit-pitan . Nalika tekan omah, dheweke weruh adhine, Arini, lagi dolanan boneka ing ruang kulawarga, banjur dheweke nakoni Arini.

"Lagi dolanan opo Rin?" Pitakone Astuti

“Boneka mbak. Iki Rubby, lan sing iki Biti, "wangsulane Arini sinambi nuduhake boneka pasangan kelinci.

“Mbak Tut, iki critane Rubby lan Biti ngompol. Ayo diresiki ”akon e Arini.

"Ayo Rin sisan aku bakal mulang organ reproduksi, cara digunakake, lan cara ngrawat lan njaga. Boneka dek Arini iki boneka wadon lan lanang. Dadi cara ngresiki, apa fungsine,lan ngrawate iku bedo. "kandhane Tuti. Tuti latihan carane ngresiki alat kelamin, apa fungsine, bedane wadon lan lanang, sing padha karo boneka Arini. Astuti kerep mulang babagan pendhidhikan seksual wiwit cilik karo adhine, alasane amarga Tuti sadar yen wong tuwane sibuk. Saengga dheweke ora pengen adhine duwe pikiran sing salah babagan seksual.

Sore mau, Astuti dolan ing omahe Retno kanggo ngrampungake tugas kelompok. Dheweke ming wong loro, amarga Lisa lagi dolan karo Ardi. Sinambi nggowo toples sing werno- werno jinise, Retno ngajak Tuti  mangan panganan sing ana ing meja.

"Hmm, mesthi yen dolan ing omahmu disuguhi panganan akeh kaya ngene.” Kandhane Tuti "Tamu iku kayata raja, mula awakedhewe kudu ngormati. Ra oleh peLis. ”Retno nyalip

Tuti lan Retno, seneng banget nggarap tugas lan ora krasa yen saiki wes jam wolu sore. Nalika Tuti arep pamit bali, dumadakan hpne muni. "Lisa" jenenge ing layar hpne.

"Halo Lis, ana apa?" wangsulane Astuti.

Lisa telpon sinambi nangis, lan njaluk Astuti marani dheweke. Astuti sing durung sido jawab dumadakan Lisa wis mateni telpone.

Tuti sing kaget banget ngajak Retno marani Lisa

"Kenapa Tut, Lisa ana apa? Kok kowe dadi kuwatir kaya ngono? " pitakone Retno.


"Lisa mau telpon aku karo nangis. Ayo aku dikancani marani Lisa, kandhane Astuti. Astuti lan Retno langsung marani Lisa menyang lokasi sing wis dikirimi.

Tuti lan Retno banjur weruh Lisa lungguh ing kursi taman.

"Weh Lisa, ngopo kowe kok iso koyo ngene? Ardi nandi? " Pitakone Tuti "Aku ninggalke Ardi , aku nesu karo dheweke, aku jengkel," wangsulane Lisa.

"Yo wes Lis iki ngombe wae dhisik" kandhane Retno sinambi menehi Lisa sak botol wedang putih "

Sakjane kowe ono opo?" pitakone Retno.

"Mau Ardi ngambung aku, dheweke uga nggawe aku mabuk." wangsulane Lisa karo nangis. "Ora sopan tenan Ardi, njuk saiki dheweke nandi? " pitakone Retno.

"Mau Ardi arep nggawa aku lunga, nanging sue- sue aku sadar yen dalan sing diliwati sepi, aku dadi kuwatir. Aku meksa dheweke ngedokke aku, untunge ono taksi liwat. Banjur aku mrene, ”kandhane Lisa.

"Yoh, yo Lis, saiki tenang wae yo, kowe wes karo awakedhewe. Saiki ayo mulih. Awakedhewe bakal ngancani, ”kandhane Astuti.

Pendhak esuk e nalika sarapan, Astuti crita marang ibune babagan kedadeyan sing dialami Lisa. Ibune Astuti kaget banget lan prihatin karo Lisa.

"Mesthi saiki Lisa stress amarga kadadean kaya ngono," kandha ibune

"Nggih, Bu. Opo meneh Lisa pancen mboten nggatekake pendidikan seks. Untunge dheweke mikir lungo pas diajak Ardi. Opo meneh dheweke lagi mabuk. Yen dikapak- kapakke pripun," wangsulane Tuti.

"Mula, ibu asring omong karo kowe, ojo bali bengi- beng bengi, opo meneh karo wong lanang. Kekancan bocah jaman saiki pancen nggegirisi. Ora ana watesan, ananging yo mung kowe sing bisa ngurus awakmu dhewe lan nentokake apa sing apik lan sing ala, " kandhane Ibu Astuti.

"Nggih Bu matur nuwun, Tuti sampun dong punapa ingkang dipun maksud,” wangsulane Astuti.

Bapake Tuti sing lagi siap- siap menyang ing kantor krungu omongane Tuti lan Ibune, banjur Bapak e Tuti ngomong. "Saben wong tuwa kudu negasake bebaya seks bebas sadurunge ana ikatan sing sah karo pasangan. Amarga duwe kulawarga kudu prelu nyiapake samubarang. Risiko seks bebas kui uga gedhe, keno norma sosial yen ngasi meteng bisa uga malah keno penyakit kelamin. Sawise rampung sarapan, Tuti mangkat sekolah. Tekan kelas, dheweke kaget nalika lungguhane Lisa kosong, kamangka ing antarane dheweke lan Retno, Lisa biasane sing paling awal.

"Lisa mlebu opo ora Ret?" pitakonane Astuti.


"Kaya sing tok delok Tut, bangkune kosong. Mesti dheweke isih kelingan karo kedadeyan wingi. Dheweke uga ora ngabari aku, ”wangsulane Retno.

"Yowes mengko awakedhewe nileki Lisa, sakwise sekolah" omonge Astuti.

Nalika Tuti lan Retno kuwatir karo kahanane Lisa, Ardi liwat ing ngarep kelas XI IPS 3, yaiku kelas e Astuti. Ujug- ujug Retno langsung metu saka kelas lan nyegat Ardi.

"Heh Ardi! Kowe duwe niatan elek karo Lisa to? ”bengok e Retno.

Swarane Retno sing sero agawe kaget wong-wong ing sak kiwo tengene. Astuti nyobo ngleremake Retno sing lagi nesu "Ret, sabar ojo emosi luwih dhisik."

Karo mesem Ardi omong, “Aku mung pengen njajal kancamu. Saktenane aku seneng karo Astuti, ananging dheweke angel banget diolehke. Dadi kancamu sing bodho kuwi mau, tak dadekke pacarku. Lumayan iso dimanfaatke. "

“Gendheng tenan kowe. Ojo ngrep- arep! Dasar ra ngrumangsani. Wiwit saiki, aja meneh ngganggu Lisa utawa awakedhewe, utawa kowe bakal ngerti akibate." wangsulane Astuti kanthi tegas.

Tuti langsung ngajak Retno lungo. Sakjane Retno mesti pengen ngajar Ardi.

Sakwise sekolah, dheweke langsung nemoni Lisa. Lisa lungguh ing ayunan mburine omahe. Lis Lis. Ngopo kowe ora mlebu? Pie kowe apik-apik wae to? " Pitakone Tuti.

"Yo Tut aku ora popo. Aku mung wegah wae kepetuk Ardi. Ngomomg- omong matur nuwun tenan lo kowe wes nileki aku, "wangsulane Lisa.

“Yowes Lis intine, wiwit saiki tinggalke wae lanangan koyo Ardi. Ardi iku bocah sing ora bener. Yen kowe isih karo dheweke, yowes kowe bakal mlebu ing kandhang singa, ”kandha Retno.

"Nanging Tut, Ret, aku wedi yen meteng amarga kedadeyan mau bengi," Lisa kuwatir. "Sek- sek kowe meteng? Bukane kowe iso mlayu? ”Pitakone Astuti.

Retno gemes banget karo kancane iki. "Iki amarga kowe ora gelem sinau babagan seks" "Yo iyo aku mung wedi wae. Kan sapa ngerti, bener? Wanguslane Lisa.

"Pokoke, kowe kudu sinau pendidikan seks. Aku ora pengen ngono terus, ”kandhane Astuti.

Ganti dino. Bel istirahat wes muni sak menit kepungkur. Astuti banjur ngajak Lisa menyang ruangan BK.

"Duh Ri, ngopo kowe ngajak aku ning BK? Aku pengen jajan ”wangsulane Lisa.

"Nek jajan mengko wae iso. Aku pengin kowe oleh layanan khusus babagan pendidikan seksual, lan ngilangi traumamu wingi amarga Ardi, "kandhane Lisa.

"Bener banget yen guru BK nerangake, mung kowe sing ana ing kana. Dadi ben kowe ora isin lan luwih ngerti, ”kandhane Retno.


   Tekan ruang BK, Astuti banjur njaluk ijin mlebu.

“Sugeng siang, Bu Fitri. Ngapunten Bu, Tujuanipun kula wonten ing mriki ajeng ngancani Lisa konseling babagan pendhidhikan seksual Bu. Lisa pancen angel lan memeng nalika sinau babagan pendidikan seksual. "kandhane Astuti.

“Yoh, Tut aku ngerti maksude. BK duwe fungsi kanggo nyedhiyakake layanan kanggo murid, kalebu nyediakake layanan khusus kanggo murid sing isih kangelan nampa pendhidhikan seksual.

Banjur, Astuti lan Retno mbalik ing kelas lan ninggalake Lisa kanggo njaluk layanan khusus, supaya dheweke ora ndelok babagan seksual dadi perkara tabu utawa asing. Ora mung iku, Astuti uga nglaporake tumindake Ardi marang Lisaing BK. Dadi, dheweke uga dijaluk informasi babagan kedadeyan wingi, amarga dikuwatirake bisa nyebabake kuwatir lan uga trauma psikologis kanggo Lisa.

Sitik mboko sithik, Lisa wis ora nolak utawa isin maneh nalika ngrembug babagan seksual. Dheweke uga pingin sinau lan duwe pikiran sing luwih kebuka. Ora krasa wis setengah taun Astuti, Retno lan Lisa lungguh ing kelas XI. Sekolah Lisa bakal nganakake rapat karo wali murid supaya bisa nggedhekake gerakan "Murid sehat lan duweni budaya". Salah sawijining bab sing dibahas yaiku pendidikan seksual anak.

“Bu, niki undhangan saking sekolah kangge wali. Mbenjang -enjang saged dhateng mboten Buk? ”pitakone Astuti.

“Yo Tut, ibu sesuk ora lunga menyang butik. Oh iya, sesuk kiro- kiro apa sing dibahas? " Ibune Astuti takon maneh.

"Kadosipun perkawis pendidikan seks Bu. Saged ugi sakmenika kathah kasus cabul, lare SMP SMA ngandhut rumiyin, kinten-kinten amarga perkawis menika sekolah ngawontenaken rapat kaliyan wali murid. Ngendikanipun wali kelas kula wonten upaya guru nyambut damel kaliyan wali murid lan masyarakat, kangge nyinau pendidikan seksual wiwit alit kagem putra kangge nanggapi perkawis kasebut. " wangsulane Tuti.

"Oh, apik banget. Ibu setuju tenan yen sekolah duweni program kaya ngono. Kanca- kancane Ibu , isih ana sawetara sing ora nerapake pendhidhikan seks kanggo anak e. Jarene durung waktune, padahal kudune wis diparingi wiwit cilik, ”kandhane Bu Tuti

"Mbenjang kula mboten ndherek nggih Bu, murid mboten wajib mlampah. Kula ajeng ngurus KTP, ”kandhane Astuti.

"Ya, nduk" kandha Ibu Astuti

Dina wes esuk, srengenge ora kaya biasane. Hawa esuk sing nusuk ing kulit Astuti agawe dheweke adem. Nanging, bedo karo ibune Astuti sing semangat sekolah, lan bebas saka kesel kerja ing butik. Dheweke nyiyapake motor lan langsung budhal menyang sekolahe Tuti.

Patang jam kliwat, akhire ibune Tuti wis balik saka sekolah. Astuti sing lagi sibuk dolanan piano banjur mandheg. Kebeneran ing ruang kulawarga uga ana bapake lan Arini. Dina


iku bapake prei saka kantor amarga lara. Dene Arini, sing nembe kelas 1 SD, bali luwih dhisik, mula kabeh sakulawarga padha kumpul.

"Bu, njenengan sampun wangsul," pitakone Astuti.

"Hoo Tut. Bapak, pripun sampun sehat?" Pitakone Bu Astuti "Alhamdulillah, wes kepenak" wangsulane bapake Tuti

"Oh ya Tut, Bu gurumu mau njelasake cetho banget," kandha Bu Astuti kanthi semangat "Jelasake punapa Bu?",pitakone Astuti

"Ngrembug akeh, babagan pendhidhikan seks. Saknyatane, isih ana wali murid sing nganggep bab kui asing, yo nduk. Nanging mau dijelasake kabeh, ”kandhane Ibu Astuti

"Mau Ibu oleh ilmu anyar sing durung ditrapake kanggo kowe" kandhane Ibu Astuti.

"Wah, nopo nggih Bu niku? Sakwetawes punika kula ngraos Bapak lan Ibu sampun cekap maringi pendidikan seks kaliyan kula lan adik, ” kandha Tuti.

“ Mau dijelasake yen komunikasi babagan masalah fisik lan psikologis anak. Negasake yen anak ora oleh isin takon. Nah, nganti saiki, ibu lan bapak arang hubungan marang kowe. Nanging ibu uga ora pengen ngganggu privasimu mula yen kowe pengen crita, aja isin ya Tuti, Arini. Ibu lan Bapak percaya karo kowe Tut, Rin ”kandhane Bu Tuti.

"Nggih Bu. Ngantos sakniki, kula ugi asring crita marang Ibu. " Kandhane Tuti karo nyengir .

Bapak negasake prekara sing dibahas mau "Intine, pendidikan seksual kudu ditrapake wiwit cilik supaya ora ana prekara sing ora dikarepake. Pendhidhikan seks dudu perkara sing aneh, lan dudu prekara sing kudu didhelikake saka bocah. Saksuwene wong tuwa, guru, lan pihak liya bisa nggawa pacelathon sing apik lan menarik, mesthine maksud sing diwenehake bakal dingerteni karo bocah-bocah. Ing negara awakedhewe isih akeh wong sing hurung ngerti babagan pendidikan seks, tugas awakedhewe yaiku yen wis ngerti lan paham, ya kudu mbiyantu njelasake. Melu ngarahake "

Astuti setuju karo omongane bapake. "Nggih Pak, kula sarujuk. Kula lan Arini bejo banget gadhah kulawarga menika. Dadine kula asring dijelasake perkara werno-werno kaliyan Ibu lan Bapak"

"Kru, kru, kru, kru"

Dumadakan ana swara weteng, lan kabeh noleh Arini. Astuti, Ibu, lan Bapake padha ngguyu. Sauntara kuwi, Arini uga nggeguyu polahe dheweke.

“Walah wes- wes ayo maem wae. Ibuk mau wes masak sego goreng” kandha Ibu sing karo mesem.

“Nggih Bu” wangsulane Tuti lan Arini.

Kulawarga Astuti banjur maem sego goreng masakanipun Ibu Tuti, lan sinambi nonton TV bareng.


………………….……………………000000000000000……………………………………..
CERKAK "JEBUL BAB KUI PANCEN PENTING" CERKAK "JEBUL BAB KUI PANCEN PENTING" Reviewed by HIMA PGSD KAMPUS WATES on Senin, Mei 31, 2021 Rating: 5

Tidak ada komentar



Image Link [https://2.bp.blogspot.com/-70DYF-Z-kJQ/Wlc9sn-yudI/AAAAAAAABJE/owmQBtX5Oq4YogpY1VQxwBwFPgv6sQnsQCLcBGAs/s1600/HIMA.png]

Author Name [HIMA PGSD UNY Kampus Wates]

Author Description [Organisasi yang memfasiitasi mahasiswa PGSD UNY Kampus Wates untuk mengembangkan softskill maupun hardskill-nya]



Facebook Username [#]

Twitter Username [pgsdwates]

GPlus Username [#]

Pinterest Username [#]

Instagram Username [pgsdwates]